Timun Mas
Nalika jaman biyen,
ana wong tani loro lanang wadon. Omahe ing desa cedhak alas lan uripe bagya,
nanging durung duwe anak anggone selawase bebojoan. Saben dina wong loro mau
ndonga marang Gusti kang Maha Agung supaya diwenehi anak. Ing sawijining dina,
ana raksasa ngliwati omahe wong mau kuwi lan krungu kekarepane wong mau, banjur
raksasa kuwi aweh wiji timun marang wong loro mau.
“Tanduren wiji kuwi,
mengko bakale sampeyan entuk anak wadon,” omonge raksasa karo wong loro mau.
“Nanging ana sarate.
Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu diwenehake maneh marang aku,” walese raksasa.
Ora pikir dawa,
pasangan mau sarujuk karo sarate raksasa amarga sangkin kepengine duwe anak.
Pasangan tani mau banjur nandur wiji timun sing diwenehi raksasa mau. Saben
dina dirumat kanthi tenanan, nganti thukul dadi tanduran. Sawise pirang wulan,
tanduran mau woh timun sing warnane kaya emas. Timun kuwi saya suwe saya gedhe
lan abot. Nalika wayahe diundhuh, ngati-ati banget wong tani mau anggone
ngundhuh. Banjur dibukak, wong lanang wadon mau kaget amarga ing njerone timun
mau ana bayi wadon sing ayu rupane, pasangan mau bungah ora ketulungan, banjur
diarani Timun Mas.
Ora krasa wis
pirang-pirang taun, Timun Mas wis dadi bocah wadon dewasa lan ayu rupane. Wong
tuwane bungah marang Timun Mas, nanging uga ndadekake rasa wedi sing gedhe.
Amarga yen Timun Mas wis umur 17 taun, raksasa mau bakal teka maneh lan nagih
janjine kanggo nggawa lunga Timun Mas.
Petani mau usaha
supaya bisa tenang. “Enteni sedhela, Timun Mas lagi dolan. Ibune arep
ngundang,” kandhane. Petani kuwi age-age nemoni anake, “Anakku, gawanen iki,”
kandhane karo aweh kanthong bujur. “Iki kanggo nulung kowe nglawan raksasa,
saiki cepet mlayu,” kandhane. Banjur Timun Mas mlayu.
Lungane Timun Mas gawe
sedhih petani mau, nanging dheweke uga ora rela yen anake kanggo pakanan
raksasa. Raksasa wis suwe ngenteni, ndadekake ora sabar. Raksasa wis ngerti yen
diapusi marang petani mau. Banjur raksasa ngorak-arik omahe pak tani, banjur
nusul Timun Mas menyang alas.
Raksasa mlayu ngoyak
Timun Mas, nalika wis cedhak Timun Mas njupuk uyah saka kanthong bujur. Banjur
uyah mau ditawurake marang raksasa. Ujug-ujug dadi laut amba. Raksasa kangelan
anggone nglangi. Timun Mas mlayu maneh, nanging raksasa bisa nusul. Timun Mas
njupuk lombok saka kanthonge, banjur ditawurake marang raksasa. Thukul
wit-witan kang akeh erine ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas
mlayu maneh. Nanging raksasa banget kuwate, sawise cedhak maneh karo Timun Mas,
banjur Timun Mas njupuk wiji timun saka kanthonge, urip lan woh dadi kebon
timun sing amba. Amarga kesel lan ngelih, raksasa mangan timun-timun sing seger
kuwi nganti kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun Mas mlayu maneh,
cilakane raksasa wis tangi saka turune. Raksasa banjur mlayu ngoyak Timun Mas,
Timun Mas keweden, banjur ditokake gamane sing keri dhewe yaiku trasi urang,
banjur dadi danau amba sing mbeleti, raksasa ora bisa ngoyak Timun Mas maneh
amarga sikile mbelet ning danau.
Timun Mas lega amarga
bisa slamet saka raksasa banjur bali menyang omahe wong tuwane. Rama lan
biyunge bungah bisa weruh Timun Mas slamet. “Matur nuwun Gusti, sampun
nylametake anak kula,” kandhane bungah. Saka prastawa kuwi Timun Mas bisa urip
tenang karo wong tuwane, tanpa keweden maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar