Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Geguritan. Tampilkan semua postingan

Minggu, 22 Juni 2014

Akeh Apa Kabeh


Akeh Apa Kabeh
Sudi Yatmana

Hasibuan
Akeh sumbangane
Memper manekawarna usahane pitu pete

I Made Sudharmi
Bakul jamur ing pasar klungkung
Rong puluh ewu bathine
Sepuluh ewu didanaka

Randha Miftakhul Subiyah
Mung nunut mantu ora duwe omah
Separone pensiyune kanggo sedhekah

Iguh pratikelmu apa
Tumrap kawilujengan braya
Bau sakumu sepira
Bisa ngentengake kang padha nandhang sangsara
Bandha beya paweweh pitulung sarta apa bae araning sarana
Dadi panglipur ngurangi pait getiring wong-wong papa cintraka
Pira kang kudu katur kagem panjenengane wangsulane akeh

Ngertia
Allah ora mundhut akeh
Mung mrayogake kabeh


Gendera


Gendera
                                                                                                               Rini Tri Puspohardini

Ing dalan pating klebet
Abang ijo kuning lan biru
Sakawit aku ngira
Pengetan kamardikan wis meh tekan
Utawa pentas dhangdhut ing lapangan
Jebul ora
Sing mobat-mabit katiyub angin kae
Dudu umbul-umbul iklan  rokok
Nanging sajak luwih dening semuwa
Gendera kang mapag krisis negara
Nanging sapa sing bisa percaya?
Ing kene dhuwit pating bleber ngarep irung
Akeh begawan mudhun gunung
Grapyak semanak ngumbar esem turut lurung
Oh, saiki aku ngerti
Sing pating klebet abang ijo kuning lan biru
Jebul gendera lelayu
Atur bela sungkawa
Marang patine ewuh pakewuh
Lan sadhengah rasa duweke calon punggawa

Urip Kanggo Sangu


Urip Kanggo Sangu

Urip iku mung sepisan
Ora ana kapindho, katelu lan sak teruse
Ora ana sing ngerti
Kapan anggone manungsa mati

Uripa sing rukun
Karo sapa lan apa wae
Aja ndadekna perkara
Iki kabeh Gusti pangriptane

Wektumu aja nganti siya-siya
Tumindaka sing prasaja
Luwih akeh becik ya luwih apik
Kanggo sangu ing alam kana

Sing Wis Ya Wis


Sing Wis Ya Wis

Prastawa biyen iku ora prelu di eling-eling
Ora prelu diputer maneh
Sing wis kedaden ya aja diangen-angen
Sing biyen ya wis biyen

Eleke didadekna pelajaran
Sing apik ben bisa luwih apik
Lakoni apa sing ana saiki
Kanthi luwih ngati-ati

Sing biyen wes tak lalekna
Sing saiki dilakoni nganggo ati
Mangarepe, tak pasrahna
Marang Gusti

Eling


Eling

Coba dingerteni
Tegese saka iki kabeh
Wis akeh eluh kang tumetes
Ngrasakna sedhih iki

Iki salah sawijining weling
Ngenani kabeh manungsa
Sing wis ngowah hakikate
Lan lali marang Gustine

Iki kabeh ora bakal mandheg
Yen tetep padha angkuh
Ndang padha sujud marang sing kuwasa
Sakdurunge kabeh siya-siya

Urip Ora Gampang


Urip Ora Gampang

Dadi wong aja mung njaluk
Nanging kudu bisa ngawehi
Aja mung ngumbar janji
Nanging kudu bisa nglakoni

Aja mung thenguk-thenguk
Kudu nduweni tindake
Aja mung ngenteni
Nanging uga bisa dadi wong
Sing dinteni amarga apike

Yen ora ana greget
Gregeting nglakoni urip
Ora suwe bakal katindhes
Katindhes dening jaman

Pangapurane Gusti


Pangapurane Gusti

Gusti...
Pandongaku kerep meksa
Amarga lali yen penjenengan iku kuwasa
Kuwasa sakabehing donya

Ngerti sakabehane aku
Lan umat liyane
Kerep lali yen panjenengan iku panentu
Kabeh sing kedaden ing donya
Wis dadi suratanMu

Gusti...
PangapuraMu sing utama
Marang umat kang ora luput
Saka salah uga lena

Nelangsa


Nelangsa

Sanajan eluhmu tumetes
Nanging awakmu isih preduli
Nalika dheweke wis ora preduli marang awakmu
Awakmu isih wae ngenteni kanthi setya

Nalika dheweke karo wong liya
Awakmu isih bisa mesem
Mesem kanthi sumringah
Amarga melu bungah

Wong sing rosa iku
Dudu wong sing mesthi menang
Nanging wong sing sabar
Nalika lagi nelangsa

Nglamun Ing Sore


Nglamun Ing Sore

Srengenge wis lagi sumurub
Ninggal tepak ireng
Mung padhang ing sisih kulon
Manuk-manuk bali menyang susuhe

Dak coba rasakna
Garising uripku
Aku tansah meneng ing sepi
Ngalamun...

Kaya apa akehe dosaku
Nganti aku lali
Ing atiku, aku ndonga
Muga Gusti tansah paring pangapura

Apa Iku Tresna?


Apa Iku Tresna?

Teka nggawa katentreman
Nanging uga nggawa sengsara
Bisa ngowahna putih dadi ireng
Uga bisa ngowah peteng dadi padhang

Tresna...
Dipuja kaya dewa
Sapa wae sing ngrasakna
Kabeh mesthi tau nduweni tresna

Nanging, ora kabeh tresna nggawe bungah
Malah nggawe lali marang donya
Akeh sing dilalekna
Amarga tresna dadi kautaman

Wektu


Wektu

Yen awakmu weruh kaendahan
Ngucapa syukur isih bisa weruh
Isih bisa ngrasakna
Ngrasakna pangriptane Gusti

Manungsa ora salawase urip ing donya
Kabeh mesthi bakal mati
Bandha ora bisa digawa
Mung amal nalika ing donya

Wektu ora bisa bali maneh
Yen awakmu bisa nglakoni kanthi apik
Mesthi kasile uga apik
Kaya ngono sak walike

Syukur lan Legawa


Syukur lan Legawa

Ing wayah wengi
Katon rembulane
Dikubengi lintang
Kang sumebar ing ndhuwur

Aku isih wae ngalamun
Mikirake tegesing urip
Urip mesthi ana seneng lan susah
Ana nikmat lan ujian saka Gusti

Dadi wong kudu bisa legawa
Uga ngaturaken panuwun lan syukur
Kanthi berkahe Gusti
Gusti kang kagungan sakabehane

Manungsa Iku Padha


  
Manungsa Iku Padha

Kudu bisa ngajeni wong liya
Yen awake dhewe pingin diajeni
Kudu bisa ngregani wong liya
Yen awake dhewe pingin diregani

Diwiwiti saka ngajeni lan ngregani awake dhewe
Nembe bisa marang wong liya
Kabeh manungsa iku padha
Padha drajate ing Gusti

Mula aja seneng nggawe perkara
Sing bisa nggawa bencana
Tinimbang padha maida
Luwih becik syukur marang sing kuwasa

Bandhaku


Bandhaku

Wong tuwa iku bandhaku
Bandha sing paling larang regane
Ora bisa dituku nganggo dhuwit
Lan ora bisa diganti nganggo bandha liyane

Wong tuwa mesthi eman marang anake
Mesthi tresna marang anake
Apa wae dilakoni kanggo anake
Kakarepane mung siji
Bisa nggawe seneng anake

Aja wani marang wong tuwa
Aja nganti gawe gela atine
Supaya ora nanggung gedhene dosa
Dadiya anak sing bekti marang wong tuwa

Kamis, 12 Juni 2014

Iki Dalanku


Iki Dalanku

Iki dalanku...
Dalan sing wis dakpilih
Kanthi niat lan manteb ing ati
Iki takdir saka sing kuwasa

Aku kudu bisa nglakoni
Bisa ngadhepi kabeh apa sing bakal kedaden
Amarga iki pilihanku
Amarga iki dalanku

Rejeki wis diatur marang Gusti
Ora prelu nggresula, ora prelu wedi
Sing penting ndonga lan usaha
Gusti bakal ngawehi dalan

Pandongaku


Pandongaku

Aku urip ora tanpa alesan
Gusti sing nggawe urip
Uga nduwe ancas anggone nggawe
Temtu ancas kang apik

Uga krana kaluwargaku
Kaluwarga dadi semangatku
Anggone aku nglakoni urip
Tanpa kaluwarga, ora ngerti bakal kaya apa

Anak ngendi sing ora tresna marang kaluwargane
Kabeh ya mesthi tresna
Kabeh uga mesthi kepingin
Nggawe kaluwargane bungah
Iku pandongaku....

Kagodha Donya


Kagodha Donya

Apa isih ana sing nduweni ati
Nalika nurani wis kagodha
Kagodha marang isining donya
Sing bisa nggawe lali sakabehane

Apa isih ana sing mikir
Nalika weruh kawula nelangsa
Sanajan isih mikir
Nanging ya mung mikirke awake dhewe

Jarene dadi wakil rakyat
Nanging malah mangan dhuwite rakyat
Apa ya pantes ngono kuwi?
Yen pancen tenan wong sing berpendhidhikan

Kautamaning Urip


Kautamaning Urip

Urip iku ora mung ngrasakna manise
Kadhang pait, kadhang atos, kadhang lara
Nanging ing sajroning iku
Ana sing jenenge impen
Kang bisa nggawe urip seneng

Urip uga ora mung kepenak
Ana eluh kang tumetes
Ana ngangluh uga ana ewuh

Nanging, ing selane iku
Ana kekarepan
Kanggo nggayuh kautamaning urip
Yaiku seneng donya akherat

Selasa, 10 Juni 2014

Janji Palsu



Janji Palsu

Nalika butuh swara...
Janji diumbar-umbarna
Nalika butuh dhuwit kanggo kampanye...
Kursi sing dadi jaminan

Nalika wis dadi...
Malah padha jogedan
Ngguyu sumringah bungah
Mamerna kursine kanggo thenguk-thenguk

Padha pamer bandha
Ora mikir rakyate butuh sega
Ora mikir marang sing wis aweh swara
Sing dipikir mung uripe dhewe