Minggu, 22 Juni 2014

Sing Wis Ya Wis


Sing Wis Ya Wis

Prastawa biyen iku ora prelu di eling-eling
Ora prelu diputer maneh
Sing wis kedaden ya aja diangen-angen
Sing biyen ya wis biyen

Eleke didadekna pelajaran
Sing apik ben bisa luwih apik
Lakoni apa sing ana saiki
Kanthi luwih ngati-ati

Sing biyen wes tak lalekna
Sing saiki dilakoni nganggo ati
Mangarepe, tak pasrahna
Marang Gusti

Eling


Eling

Coba dingerteni
Tegese saka iki kabeh
Wis akeh eluh kang tumetes
Ngrasakna sedhih iki

Iki salah sawijining weling
Ngenani kabeh manungsa
Sing wis ngowah hakikate
Lan lali marang Gustine

Iki kabeh ora bakal mandheg
Yen tetep padha angkuh
Ndang padha sujud marang sing kuwasa
Sakdurunge kabeh siya-siya

RANTAMAN ADICARA PENGETAN MAULID NABI MUHAMMAD SAW


RANTAMAN ADICARA PENGETAN
MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
                   Kasugengan, kabegjan, katentreman miwah kasarasan mugi tansah lumuntur saking Gusti ingkang Maha Tunggal, kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya, ing satemah mbabar daya pangaribawa tumanduk dhumateng sagunging para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Ingkang kinurmatan Bapa K.H Alim Fuad
Sanggyaning para sepuh, pinisepuh ingkang pantes sinungkeman.
Para Kyai, Uztad, lan alim ulama ingkang saged kula dhereki fatwa-fatwanipun ingkang pantes  sinudarsana ing sasami.
                   Mboten wonten tembung ingkang langkung utami, kejawi mujudaken raos syukur dhumateng Gusti, ingkang sampun kepareng maringaken kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sami, katitik ing titi wanci punika, saged kempal manunggal wonten ing saklebeting adicara Maulid Nabi Muhammad SAW.
                   Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Sepisan                   : Pambuka
Kaping kalih          : Waosan ayat suci Al-Qur’an dening Ria Ananda
Kaping tiganipun   : Atur pambagyaharja saking pangarsa panitya dening Bapa Taufik, S.Pd
Kaping sekawan    : Mau’idlotul khasanah dipunlajengaken donga dening Bapa K.H Alim Fuad
Kaping gangsal      : Panutup
                   Mekaten menggah rantaman tata adicara Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika. Mangga sesarengan maos Basmallah kagem miwiti adicara punika : Bismillahirrahmanirrahim.
Adicara saklajengipun nun inggih waosan ayat suci Al-Qur’an dening Ria Ananda. Dhumateng panjenenganipun Ria Ananda, kula sumanggakaken.
Adicara ingkang kaping tiga nun inggih atur pambagyaharja dening Bapa Taufik, S.Pd. Katur panjenenganipun Bapa Taufik, kula sumanggakaken.
Nuwun dhumateng Bapa Taufik, menggah reroncening adicara saklajengipun inggih punika Mau’idlotul khasanah dipunlajengaken donga ingkang badhe dipunwedharaken dening Bapa K.H Alim Fuad, dhumateng panjenenganipun Bapa K.H Alim Fuad, kula sumanggakaken.
Adicara kaping gangsal minangka adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Mangga kita sesarengan maos Hamdallah kagem mungkasi adicara Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika. Alhamdulillahirabbil’alamiin.
                   Mekaten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika ingkang sampun kalekasanakaken kanthi lancar, gancar mboten wonten alangan setunggal punapa. Nyuwun agunging samudra pangaksami sedaya kalepatan anggenipun kula matur. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun rawuh. Mugiya adicara punika saged hangraketaken silaturahmi wonten ing kita sedaya. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Urip Ora Gampang


Urip Ora Gampang

Dadi wong aja mung njaluk
Nanging kudu bisa ngawehi
Aja mung ngumbar janji
Nanging kudu bisa nglakoni

Aja mung thenguk-thenguk
Kudu nduweni tindake
Aja mung ngenteni
Nanging uga bisa dadi wong
Sing dinteni amarga apike

Yen ora ana greget
Gregeting nglakoni urip
Ora suwe bakal katindhes
Katindhes dening jaman

Pangapurane Gusti


Pangapurane Gusti

Gusti...
Pandongaku kerep meksa
Amarga lali yen penjenengan iku kuwasa
Kuwasa sakabehing donya

Ngerti sakabehane aku
Lan umat liyane
Kerep lali yen panjenengan iku panentu
Kabeh sing kedaden ing donya
Wis dadi suratanMu

Gusti...
PangapuraMu sing utama
Marang umat kang ora luput
Saka salah uga lena

Cangkir Prothol


Cangkir Prothol

Nalika wayah esuk, kaya padatan Marni, marani Bandi sing lagi maca koran neng teras sadurunge mangkat nyambut gawe karo nggawa sacangkir kopi. Bojone wis apal menawa karemenane kopi pait. Sebab yen kelegen rasane neng weteng malah neg.
“Kopine, Pak.” Kandhane sing wedok.
“Ya, seleh kono,” saurane tanpa nyawang.
Bubar leladi sing wedok uga banjur bali mlebu, nutugake anggone resik-resik omah. Karo mripate isih kober nyawang tulisan ana koran mau, tangane nggrayahi cangkir kopi sing isih panas kemebul mau. Nanging eba kagete nalika tangane ora nemokake ganthilane cangkir.
Atine sakal muntab weruh cangkir wis brundhul tanpa ganthilan. Meh wae cangkir sakopine dibanting neng njogan menawa ora eling menawa cangkir barang tinggalane wong tuwane sing aji kanggo dheweke.
“Bu!”, pambengoke marang sing wedok.
Sing dibengoki uga banjur gita-gita marani sing ngundang.
“Cangkir iki mbok kapakne kok nganti ganthilane prothol ngene iki?” pitakone Bandi karo mripate mendelik.
“Oalah... kuwi ta? Ngene lho, Pak. Kuwi ngono kebenthik nalika dakisahi esuk mau,” saurane sing wedok entheng.
“Lha polahmu piye? Isah-isah kok nganti ngrusake barang? Yen ngene rak cotho dadine.”
Krungu saurane bojone sing ketoke entheng mau sakala dadi muntabe Bandi. Nyat, dheweke budhal nyambut gawe tanpa pamit. Wedang kopi sing wis wiwit adhem mau ora disenggol babar pisan.
Wiwit dina kuwi dheweke ora tau gelem ngombe kopi sing diladekake bojone, nadyan wis diganti nganggo cangkir anyar sing luwih apik modhele. Atine isih kemropok yen kelingan nyawang cangkir prothol tanpa ganthilan mau. Rasa kemropok mau wusana ndadekake sengite marang bojone sing kaanggep nyepelekake barang warisan, nadyan wujude amung sepele. Mula nganti pirang-pirang dina dheweke ora gelem ngluruhi bojone. Malah saiki budhale nyambut gawe kepara luwih esuk tinimbang biasane. Perlune isih bisa mampir warung kopi sing ana sacedhake pabrik anggone nymbut gawe.
Sore kuwi metu saka pabrik Bandi ora langsung bali. Dheweke semayan karo Sunaryo neng warung. Kancane mau kandha menawa duwe cangkir kuna kaya cangkir duweke. Bandi pancen tau crita ngenani rasa cuwane marang sing wedok gara-gara cangkir prothol ganthilane mau. Satemene rasane ora marem, amarga dudu cangkir warisan. Nanging ora apa-apa. Idhep-idhep kanggo nambani rasa cuwa.
Sinambi ngenteni kancane sing isih bali njupuk cangkir, dheweke aba kopi marang bakule. Ora suwe sacangkir wis cumepak neng ngarepane. Isih panas kemebul amarga banyune tansah digeneni. Ora banyu tremos kaya warung-warung liyane.
Bubar ngiling kopi ana lepek lan disruput, Bandi ngetokake rokok lan korek saka sak klambine. Nanging apes, korek jres mau rada mlempem, mula angel murupe. Tujune neng kana ana korek gas cepakane warung. Mula dheweke banjur ngranggeh korek mau. Nanging nalika arep ngranggeh korek mau ndilalah tangane nyampe cangkir neng ngarepane, nganti kopi isih separo mau kutah, mblabar neng meja. Lan cilakane, ganthilane cangkir mau prothol.
Bandi dheleg-dheleg nyawang cangkir mau.
“Mpun, kersane, Pak. Mangke kula damelaken kopi malih,” kandhane bakule kanthi grapyak.
“Sing kula getuni niku boten kopine. Nanging cangkir jenengan sing prothol ganthilane niki,” kandhane Bandi semu rikuh.
“Boten napa-napa. Wong sanesipun inggih mpun sami prothol. Nggih maklum wong cangkir lawas, dados nggih dampang prothol cangkingane. Kaliyan malih wong namung cangkir. Ngangge cangkir utuh napa cangkir prothol, raosipun inggih tetep kopi. Ngaten mawon kok didamel ribet. Menapa malih kok ngantos dados padudon kaliyan anak utawi bojo namung gara-gara cangkir?”
Dheg! Atine Bandi rumangsa kaya kedhodhog alu. Dheweke banjur kelingan anggone wis pirang-pirang dina neng-nengan karo Marni amung gara-gara cangkir. Atine rumangsa keduwung.
Bubar ngentekake kopi, Bandi banjur metu sawise mbayari kopi rong cangkir. Dheweke wis ora ngenteni tekane kancane maneh. Sedyane amung siji, bali lan bakal njaluk ngapura marang bojone.
“Muga-muga wae atine Marni ora melu prothol,” batine Bandi sadalan-dalan.
Srengenge wis angslup. Lampu-lampu dalan wis wiwit murub padhang kaya padhange ati dina kuwi.

Sawise Langite Katon Biru


Sawise Langite Katon Biru

Nalika wayah sore, srengenge ing kutha Batu katutupan mendhung, hawane atis. Ing sawijining omah, ana remaja putri ayu rupane nyingkap kordhen nyawang menjaba, Retno jenenge. Retno mung bisa ngrasakna hawa atis tanpa weruh kahanan ing njaba sanajan jendhelane dibukak.
Telulas taun kepungkur nalika umure wolung taun, Retno nemahi kacilakan sing ndadekake mripate wuta. Wiwit iku Retno ndherek Bu Purwo yaiku eyange neng Batu, wong tuwa lan mbakyune neng Surabaya, saiki mbakyune neng Jakarta. Dina iku ana layang saka mbakyune yaiku Endah. Isine, Hendratmo calon bojone Endah arep pindhah menyang Surabaya. Iku becik, amarga Hendratmo bisa ngrumat lan ngoperasi mripate Retno. Endah uga ngabari yen sesambungane karo Hendratmo arep enggal diresmekake, lan arep ngenalake Retno karo Hendratmo. Retno lan eyang bungah, pangorbanane Endah gedhe banget kanggo Retno, mulane Retno kudu matur nuwun marang Endah. Sawise kacilakan, sing tlaten niliki Retno lan paring piwulang agama yaiku Rama Robertus, salah sawijining wong kang cedhak sawise eyang putrine.
Esuke, jam 10 Endah teka dhewe, banjur wong loro iku guneman, Retno ora mandheg anggone takon marang Endah. Endah ngomong yen wulan ngarep arep mantenan. Jam 2 awan, Hendratmo nusul, banjur dikenalke marang Retno. Nalika weruh Retno, Hendratmo kaget amarga Retno ayu banget.
* * *
Dina Setu esuk, daleme Pak Hadi katon rame, amarga dina Minggu esuk Endah karo Hendratmo bakal ngaleksanakake sakramen. Nanging ana sing kurang amarga Retno ora gelem dijak menyang Surabaya, amarga isin. Banjur Hendratmo nusul Retno menyang Batu lan ngajak Retno, amarga Endah kepengin banget yen Retno teka. Retno gelem melu menyang Surabaya, nanging ora gelem metu kamar, dheweke wis melu bungah.
* * *
Sewulan sawise dadi manten, Endah durung tilik Retno. Esuk kuwi Hendratmo teka, ngomong yen Endah arep pindhah ing rumah sakit Surabaya. Retno ngajak Hendratmo menyang kebon apel mburi omah, banjur ana kedadean sing ora bisa dilalekake, Hendratmo ngomong yen tresna karo Retno. Retno kaget, amarga ora pantes yen Hendratmo kaya mangkono.
Minggu esuk Hendratmo teka, ngajak Retno menyang rumah sakit ing Surabaya kanggo persiapan operasi, amarga wis ana sing arep ndonorke mripate. Banjur Retno dioperasi mripate. Sawise dibukak, Retno bisa weruh maneh, bungah rasane. Retno nggumun nalika weruh Hendratmo, amarga luwih bagus tinimbang sing digambarake.
Sawise kuwi, sesambungane Retno karo Hendratmo saya ndadi. Ora pisan pindho wong loro kuwi nglakoni apa sing kudune ora dilakoni. Sawijining dina, Endah ngonangi dhewe nalika Retno lagi neng kamar karo Hendratmo, banjur Endah nesu marang wong loro kuwi, ora ngira yen kaya ngene piwalese adhine. Endah ora ngapurani Retno sanajan Retno wis ngaku salah lan njaluk ngapura. Banjur Retno nemoni Rama Robertus lan ngomong yen dheweke arep dadi wong non kanggo nebus dosane, Rama ngestokna, nanging keluargane ora. Ibu lan eyange ngrayu Endah supaya gelem ngapurani Retno, atine Endah luluh. Nalika kaluwargane arep nemoni Retno, pranyata Retno ninggal layang sing isine Retno pamit menyang Jogja. Endah sedhih amarga dheweke wis ora duwe sedulur maneh. Sakdurunge menyang Jogja, Retno pamitan karo Hendratmo neng Surabaya, banjur Retno mangkat neng Jogja kanggo nglakoni apa sing dikarepake, yaiku mlebu biara dadi wong non.