Akeh Apa Kabeh
Sudi Yatmana
Hasibuan
Akeh sumbangane
Memper manekawarna usahane pitu pete
I Made Sudharmi
Bakul jamur ing pasar klungkung
Rong puluh ewu bathine
Sepuluh ewu didanaka
Randha Miftakhul Subiyah
Mung nunut mantu ora duwe omah
Separone pensiyune kanggo sedhekah
Iguh pratikelmu apa
Tumrap kawilujengan braya
Bau sakumu sepira
Bisa ngentengake kang padha nandhang sangsara
Bandha beya paweweh pitulung sarta apa bae araning
sarana
Dadi panglipur ngurangi pait getiring wong-wong papa
cintraka
Pira kang kudu katur kagem panjenengane wangsulane
akeh
Ngertia
Allah ora mundhut akeh
Mung mrayogake kabeh
Tidak ada komentar:
Posting Komentar