Minggu, 22 Juni 2014

RANTAMAN ADICARA PENGETAN MAULID NABI MUHAMMAD SAW


RANTAMAN ADICARA PENGETAN
MAULID NABI MUHAMMAD SAW

Assalamu’alaikum Wr. Wb.
                   Kasugengan, kabegjan, katentreman miwah kasarasan mugi tansah lumuntur saking Gusti ingkang Maha Tunggal, kajiwa kasarira dhumateng kita sedaya, ing satemah mbabar daya pangaribawa tumanduk dhumateng sagunging para rawuh kakung putri wreda mudha minulya.
Ingkang kinurmatan Bapa K.H Alim Fuad
Sanggyaning para sepuh, pinisepuh ingkang pantes sinungkeman.
Para Kyai, Uztad, lan alim ulama ingkang saged kula dhereki fatwa-fatwanipun ingkang pantes  sinudarsana ing sasami.
                   Mboten wonten tembung ingkang langkung utami, kejawi mujudaken raos syukur dhumateng Gusti, ingkang sampun kepareng maringaken kanugrahan dhumateng kula lan panjenengan sami, katitik ing titi wanci punika, saged kempal manunggal wonten ing saklebeting adicara Maulid Nabi Muhammad SAW.
                   Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Sepisan                   : Pambuka
Kaping kalih          : Waosan ayat suci Al-Qur’an dening Ria Ananda
Kaping tiganipun   : Atur pambagyaharja saking pangarsa panitya dening Bapa Taufik, S.Pd
Kaping sekawan    : Mau’idlotul khasanah dipunlajengaken donga dening Bapa K.H Alim Fuad
Kaping gangsal      : Panutup
                   Mekaten menggah rantaman tata adicara Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika. Mangga sesarengan maos Basmallah kagem miwiti adicara punika : Bismillahirrahmanirrahim.
Adicara saklajengipun nun inggih waosan ayat suci Al-Qur’an dening Ria Ananda. Dhumateng panjenenganipun Ria Ananda, kula sumanggakaken.
Adicara ingkang kaping tiga nun inggih atur pambagyaharja dening Bapa Taufik, S.Pd. Katur panjenenganipun Bapa Taufik, kula sumanggakaken.
Nuwun dhumateng Bapa Taufik, menggah reroncening adicara saklajengipun inggih punika Mau’idlotul khasanah dipunlajengaken donga ingkang badhe dipunwedharaken dening Bapa K.H Alim Fuad, dhumateng panjenenganipun Bapa K.H Alim Fuad, kula sumanggakaken.
Adicara kaping gangsal minangka adicara ingkang pungkasan nun inggih panutup. Mangga kita sesarengan maos Hamdallah kagem mungkasi adicara Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika. Alhamdulillahirabbil’alamiin.
                   Mekaten adicara pengetan Maulid Nabi Muhammad SAW ing ndalu punika ingkang sampun kalekasanakaken kanthi lancar, gancar mboten wonten alangan setunggal punapa. Nyuwun agunging samudra pangaksami sedaya kalepatan anggenipun kula matur. Ngaturaken agunging panuwun dhumateng para tamu ingkang sampun rawuh. Mugiya adicara punika saged hangraketaken silaturahmi wonten ing kita sedaya. Nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar