Sawise
Langite Katon Biru
Nalika wayah sore, srengenge ing
kutha Batu katutupan mendhung, hawane atis. Ing sawijining omah, ana remaja
putri ayu rupane nyingkap kordhen nyawang menjaba, Retno jenenge. Retno mung
bisa ngrasakna hawa atis tanpa weruh kahanan ing njaba sanajan jendhelane
dibukak.
Telulas taun kepungkur nalika umure
wolung taun, Retno nemahi kacilakan sing ndadekake mripate wuta. Wiwit iku
Retno ndherek Bu Purwo yaiku eyange neng Batu, wong tuwa lan mbakyune neng
Surabaya, saiki mbakyune neng Jakarta. Dina iku ana layang saka mbakyune yaiku
Endah. Isine, Hendratmo calon bojone Endah arep pindhah menyang Surabaya. Iku
becik, amarga Hendratmo bisa ngrumat lan ngoperasi mripate Retno. Endah uga
ngabari yen sesambungane karo Hendratmo arep enggal diresmekake, lan arep
ngenalake Retno karo Hendratmo. Retno lan eyang bungah, pangorbanane Endah
gedhe banget kanggo Retno, mulane Retno kudu matur nuwun marang Endah. Sawise kacilakan,
sing tlaten niliki Retno lan paring piwulang agama yaiku Rama Robertus, salah
sawijining wong kang cedhak sawise eyang putrine.
Esuke, jam 10 Endah teka dhewe, banjur
wong loro iku guneman, Retno ora mandheg anggone takon marang Endah. Endah ngomong
yen wulan ngarep arep mantenan. Jam 2 awan, Hendratmo nusul, banjur dikenalke
marang Retno. Nalika weruh Retno, Hendratmo kaget amarga Retno ayu banget.
* * *
Dina Setu esuk, daleme Pak Hadi
katon rame, amarga dina Minggu esuk Endah karo Hendratmo bakal ngaleksanakake
sakramen. Nanging ana sing kurang amarga Retno ora gelem dijak menyang
Surabaya, amarga isin. Banjur Hendratmo nusul Retno menyang Batu lan ngajak
Retno, amarga Endah kepengin banget yen Retno teka. Retno gelem melu menyang
Surabaya, nanging ora gelem metu kamar, dheweke wis melu bungah.
* * *
Sewulan sawise dadi manten, Endah
durung tilik Retno. Esuk kuwi Hendratmo teka, ngomong yen Endah arep pindhah ing
rumah sakit Surabaya. Retno ngajak Hendratmo menyang kebon apel mburi omah, banjur
ana kedadean sing ora bisa dilalekake, Hendratmo ngomong yen tresna karo Retno.
Retno kaget, amarga ora pantes yen Hendratmo kaya mangkono.
Minggu esuk Hendratmo teka, ngajak
Retno menyang rumah sakit ing Surabaya kanggo persiapan operasi, amarga wis ana
sing arep ndonorke mripate. Banjur Retno dioperasi mripate. Sawise dibukak,
Retno bisa weruh maneh, bungah rasane. Retno nggumun nalika weruh Hendratmo,
amarga luwih bagus tinimbang sing digambarake.
Sawise kuwi, sesambungane Retno
karo Hendratmo saya ndadi. Ora pisan pindho wong loro kuwi nglakoni apa sing
kudune ora dilakoni. Sawijining dina, Endah ngonangi dhewe nalika Retno lagi
neng kamar karo Hendratmo, banjur Endah nesu marang wong loro kuwi, ora ngira
yen kaya ngene piwalese adhine. Endah ora ngapurani Retno sanajan Retno wis
ngaku salah lan njaluk ngapura. Banjur Retno nemoni Rama Robertus lan ngomong
yen dheweke arep dadi wong non kanggo nebus dosane, Rama ngestokna, nanging
keluargane ora. Ibu lan eyange ngrayu Endah supaya gelem ngapurani Retno, atine
Endah luluh. Nalika kaluwargane arep nemoni Retno, pranyata Retno ninggal
layang sing isine Retno pamit menyang Jogja. Endah sedhih amarga dheweke wis
ora duwe sedulur maneh. Sakdurunge menyang Jogja, Retno pamitan karo Hendratmo
neng Surabaya, banjur Retno mangkat neng Jogja kanggo nglakoni apa sing
dikarepake, yaiku mlebu biara dadi wong non.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar