Bandhaku
Wong tuwa iku bandhaku
Bandha sing paling larang regane
Ora bisa dituku nganggo dhuwit
Lan ora bisa diganti nganggo bandha liyane
Wong tuwa mesthi eman marang anake
Mesthi tresna marang anake
Apa wae dilakoni kanggo anake
Kakarepane mung siji
Bisa nggawe seneng anake
Aja wani marang wong tuwa
Aja nganti gawe gela atine
Supaya ora nanggung gedhene dosa
Dadiya anak sing bekti marang wong tuwa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar