Kamis, 12 Juni 2014

Iki Dalanku


Iki Dalanku

Iki dalanku...
Dalan sing wis dakpilih
Kanthi niat lan manteb ing ati
Iki takdir saka sing kuwasa

Aku kudu bisa nglakoni
Bisa ngadhepi kabeh apa sing bakal kedaden
Amarga iki pilihanku
Amarga iki dalanku

Rejeki wis diatur marang Gusti
Ora prelu nggresula, ora prelu wedi
Sing penting ndonga lan usaha
Gusti bakal ngawehi dalan

Tidak ada komentar:

Posting Komentar