Janji Palsu
Nalika butuh swara...
Janji diumbar-umbarna
Nalika butuh dhuwit kanggo kampanye...
Kursi sing dadi jaminan
Nalika wis dadi...
Malah padha jogedan
Ngguyu sumringah bungah
Mamerna kursine kanggo thenguk-thenguk
Padha pamer bandha
Ora mikir rakyate butuh sega
Ora mikir marang sing wis aweh swara
Sing dipikir mung uripe dhewe
Tidak ada komentar:
Posting Komentar