Dumadine
Kutha Pekalongan
Kacariyos
kompeni Walanda taksih cumondhok ing Batavia ingkang ndadosaken gesangipun
rakyat kita rumaos katindhes. Awit saking punika Sultan Agung Hanyakrakusuma,
raja ing Mataram mbikak pendadaran prajurit enggal kangge nambahi kekiyatan
supados saged mbirat penjajah kompeni Walanda saking bumi Nuswantara.
Satunggaling
mudha ingkang bagus, gagah lan prakosa inggih punika Jaka Bau saking padhepokan
Kesesi rumaos kegigah manahipun badhe tumut pendadaran prajurit ing Mataram.
Kanthi donga pangestu saking tiyang sepuhipun kekalih, Ki Ageng Cempaluk dalah
Nyai Gendari, Jaka Bau bidhal dhateng Praja Mataram. Sowanipun Jaka Bau ing
Mataram ngepasi wontenipun perkawis ingkang dipundamel dening Weling Kuning
sakadang ingkang mbendung lepen kedhung segawok saengga njalari banjir ing
tlatah sakiwa tengenipun lepen punika. Kanjeng Sultan Mataram kersa nampi Jaka
Bau,nanging Jaka Bau kedah saged numpes Weling Kuning Sakadang.
Saking
pitulunganipun Rara Miranti, rayinipun Weling Kuning, pusaka pedhang Suwedhang
minangka piandelipun Weling Kuning saged kapendhet dening Jaka Bau. Kanthi
pedhang Suwedhang punika Weling Kuning sakadang saged kabrastha dening Jaka
Bau. Jasadipun Weling Kuning sakadang pating glethak, kados bathang, mila papan
punika dipunwastani Batang.
Jaka Bau saged
unggul ing jurit, Jaka Bau winisuda dados lurahing tamtama ing Mataram, nanging
Jaka Bau pinaringan jejibahan langkung awrat inggih punika kinen mboyong
Rantamsari saking desa Kali Salak minangka selir Raja. Sasampunipun Jaka Bau
pepanggihan kaliyan Rantamsari, kekalihipun sami-sami nandang asmara, mila Jaka
Bau kedah goroh lan ngapusi dhateng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Sultan rumaos
dipuncidrani dening Jaka Bau, minangka ukumanipun Jaka Bau kedah babat alas
Gambiran, wana ingkang kebak kewan-kewan galak, jim peri peprayangan ingkang
wengis. Katekan Jaka Bau para dhemit sing manggon ing alas Gambiran padha
pating cekikik ngece. Kanthi tapa ngalong lan pambiyantunipun Ki Ageng
Cempaluk, Jaka Bau saged mbabad alas Gambiran. Dening Sultan Mataram alas
Gambiran ingkang sampun kababad dening Jaka Bau dipunwastani Pekalongan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar