Minggu, 22 Juni 2014

Miyosiopun Raden Gathutkaca


Miyosiopun Raden Gathutkaca

                   Kacariyos ing kasatriyan Jodhipati, Raden Wrekudara judheg penggalihipun awit puseripun Raden Gathutkaca mbadal saking saliring dedamel. Najan kukunipun ingkang rama, inggih punika kuku pancanaka ingkang kondhang landhepipun pitung penyukur, meksa boten tedhas kangge ngethok puseripun Raden Gathutkaca. Raden Wrekudara lajeng minta sraya dhateng raka prabu ing Dwarawati inggih punika Sri Bathara Kresna, paranparaning kadang Pandhawa.
                   Prabu Kresna boten kekilapan, lajeng utusan Raden Arjuna kinen ngampil sanjata Kuntawijayadanu dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Geganjangan Raden Arjuna lajeng bidhal dhateng kahyangan Jonggringsaloka. Raden Arjuna rumaos kuciwa, awit Jawata sampun kalajeng maringaken sanjata Kunta dhateng Raden Suryaputra ingkang sowan langkung rumiyin. Raden Arjuna enggal – enggal nyuwun pamit, nungka lampahipun Raden Suryaputra. Wonten ing margi saged pinanggih kaliyan Raden Suryaputra. Sanjata Kunta kasuwun dening Raden Arjuna ananging Raden Suryaputra boten angulungaken. Ing wasana dados pancakara rame sanget. Wekasanipun sanjata Kunta saged karebat dening Raden Arjuna. Raden Arjuna lajeng gegancangan kondur dhateng kasatriyan Jodhipati.
                   Dumugi ing kasatriyan Jodhipati sanjata Kunta lajeng kaaturaken Prabu Kresna. Sedaya sami kaget, awit ingkang kenging karebat jebul namung warangkanipun kemawon. Sri Bathara Kresna lajeng paring dhawuh dhateng Raden Wrekudara. “Dimas Sena, aja cilik atimu Yayi! Kersaning dewa pancen kudu ngono kuwi. Najan iku mung wujud warangka, nanging bisa mrantasi. Mara age tamakna menyang pusering putramu Yayi! Sing waspada ya, Dhi!”
                   Dupi tampi dhawuhipun ingkang raka Prabu Sri Bathara Kresna, Raden Wrekudara boten tidha – tidha malih. Warangka lajeng katamakaken ing pusering jabang bayi. Sanalika puser pedhot, ari – ari musna, nanging warangka sirna manjing ing pusering jabang bayi. Raden Wrekudara bingung lajeng ngendika, “Jlitheng Kakangku! Iki kepriye! Sida mati tenan jabang bayi iki mengko! Ijole kowe, heeee!”
                   Dhasar Prabu Kresna pangayomaning titah sabumi, boten badhe kekilapan dhateng sedaya lelampahan. Pangandikanipun alon. “Sareh, sareh, Yayi! Pun kakang ora maido menawa sliramu padha bingung lan kodheng. Coba padha mirengna kandhaku ya, Dhi! Lelakon iki pancen wis dadi kersaning Jawata. Wis ginaris menawa warangka iku kudu musna manjing ing pusering putramu, sarta iku dadi sifat kandele. Nanging wanti – wantine pun Kakang ya, Yayi! Mbesuk lamun ana curiga ngupadi warangka, si Adhi kudu waspada, putramu singitna ya, Dhi!”
                   Pangandikanipun Sri Bathara Kresna adamel cumeplongipun Raden Wrekudara dalah kadang Pandhawa sedaya. Kala semanten Jawata ugi lajeng rawuh mertakaken ponang jabang bayi ingkang ngantos nuwuhaken gara – gara punika. Saking keparengipun Jawata, jabang bayi dipunasta dhateng kahyangan. Wonten kahyangan jabang bayi punika dipundandosi. Ingkang suwau arupi denawa, sareng dipundandosi malih dados satriya bagus sekti mandraguna.
                   Ing salajengipun Raden Gathutkaca dipunminta sraya dening Jawata, kinen numpes parangmuka saking praja Maimantaka ingkang dipunpandhegani Prabu Kala Pracona saha Patih Kala Sekipu ingkang nedya ngobrak – abrik kahyangan Jonggringsaloka. Raden Gathutkaca unggul juritipun. Prabu Kala Pracona dalah patih Kala Sekipu pejah dening Raden Gathutkaca. Dene wadyabalanipun sami bubar mawur.
                   Sasampunipun purna dados srayaning Jawata, Raden Gathutkaca lajeng kawangsulaken dhateng kasatriyan Jodhipati, kapasrahaken dumateng rama lan ibunipun inggih punika Raden Wrekudara dalah Dewi Arimbi. Sedaya para Pandhawa dalah Prabu Sri Bathara Kresna sami bingah.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar