Cangkir Prothol
Nalika wayah esuk, kaya padatan
Marni, marani Bandi sing lagi maca koran neng teras sadurunge mangkat nyambut
gawe karo nggawa sacangkir kopi. Bojone wis apal menawa karemenane kopi pait.
Sebab yen kelegen rasane neng weteng malah neg.
“Kopine, Pak.” Kandhane sing wedok.
“Ya, seleh kono,” saurane tanpa
nyawang.
Bubar leladi sing wedok uga banjur
bali mlebu, nutugake anggone resik-resik omah. Karo mripate isih kober nyawang
tulisan ana koran mau, tangane nggrayahi cangkir kopi sing isih panas kemebul
mau. Nanging eba kagete nalika tangane ora nemokake ganthilane cangkir.
Atine sakal muntab weruh cangkir
wis brundhul tanpa ganthilan. Meh wae cangkir sakopine dibanting neng njogan
menawa ora eling menawa cangkir barang tinggalane wong tuwane sing aji kanggo
dheweke.
“Bu!”, pambengoke marang sing
wedok.
Sing dibengoki uga banjur gita-gita
marani sing ngundang.
“Cangkir iki mbok kapakne kok
nganti ganthilane prothol ngene iki?” pitakone Bandi karo mripate mendelik.
“Oalah... kuwi ta? Ngene lho, Pak.
Kuwi ngono kebenthik nalika dakisahi esuk mau,” saurane sing wedok entheng.
“Lha polahmu piye? Isah-isah kok
nganti ngrusake barang? Yen ngene rak cotho dadine.”
Krungu saurane bojone sing ketoke
entheng mau sakala dadi muntabe Bandi. Nyat, dheweke budhal nyambut gawe tanpa
pamit. Wedang kopi sing wis wiwit adhem mau ora disenggol babar pisan.
Wiwit dina kuwi dheweke ora tau
gelem ngombe kopi sing diladekake bojone, nadyan wis diganti nganggo cangkir
anyar sing luwih apik modhele. Atine isih kemropok yen kelingan nyawang cangkir
prothol tanpa ganthilan mau. Rasa kemropok mau wusana ndadekake sengite marang
bojone sing kaanggep nyepelekake barang warisan, nadyan wujude amung sepele.
Mula nganti pirang-pirang dina dheweke ora gelem ngluruhi bojone. Malah saiki
budhale nyambut gawe kepara luwih esuk tinimbang biasane. Perlune isih bisa
mampir warung kopi sing ana sacedhake pabrik anggone nymbut gawe.
Sore kuwi metu saka pabrik Bandi
ora langsung bali. Dheweke semayan karo Sunaryo neng warung. Kancane mau kandha
menawa duwe cangkir kuna kaya cangkir duweke. Bandi pancen tau crita ngenani
rasa cuwane marang sing wedok gara-gara cangkir prothol ganthilane mau.
Satemene rasane ora marem, amarga dudu cangkir warisan. Nanging ora apa-apa.
Idhep-idhep kanggo nambani rasa cuwa.
Sinambi ngenteni kancane sing isih
bali njupuk cangkir, dheweke aba kopi marang bakule. Ora suwe sacangkir wis
cumepak neng ngarepane. Isih panas kemebul amarga banyune tansah digeneni. Ora
banyu tremos kaya warung-warung liyane.
Bubar ngiling kopi ana lepek lan
disruput, Bandi ngetokake rokok lan korek saka sak klambine. Nanging apes,
korek jres mau rada mlempem, mula angel murupe. Tujune neng kana ana korek gas
cepakane warung. Mula dheweke banjur ngranggeh korek mau. Nanging nalika arep ngranggeh
korek mau ndilalah tangane nyampe cangkir neng ngarepane, nganti kopi isih
separo mau kutah, mblabar neng meja. Lan cilakane, ganthilane cangkir mau
prothol.
Bandi dheleg-dheleg nyawang cangkir
mau.
“Mpun, kersane, Pak. Mangke kula
damelaken kopi malih,” kandhane bakule kanthi grapyak.
“Sing kula getuni niku boten
kopine. Nanging cangkir jenengan sing prothol ganthilane niki,” kandhane Bandi
semu rikuh.
“Boten napa-napa. Wong sanesipun
inggih mpun sami prothol. Nggih maklum wong cangkir lawas, dados nggih dampang
prothol cangkingane. Kaliyan malih wong namung cangkir. Ngangge cangkir utuh
napa cangkir prothol, raosipun inggih tetep kopi. Ngaten mawon kok didamel
ribet. Menapa malih kok ngantos dados padudon kaliyan anak utawi bojo namung
gara-gara cangkir?”
Dheg! Atine Bandi rumangsa kaya
kedhodhog alu. Dheweke banjur kelingan anggone wis pirang-pirang dina
neng-nengan karo Marni amung gara-gara cangkir. Atine rumangsa keduwung.
Bubar ngentekake kopi, Bandi banjur
metu sawise mbayari kopi rong cangkir. Dheweke wis ora ngenteni tekane kancane
maneh. Sedyane amung siji, bali lan bakal njaluk ngapura marang bojone.
“Muga-muga wae atine Marni ora melu
prothol,” batine Bandi sadalan-dalan.
Srengenge wis angslup. Lampu-lampu
dalan wis wiwit murub padhang kaya padhange ati dina kuwi.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar