Kamis, 12 Juni 2014

Serat Rijanta


Serat Rijanta

Serat Rijanta punika nyariosaken menawi ing nagari Surakarta wonten priyantun luhur, asmanipun pangeran Notosewojo. Pangeran punika gadhah putra naminipun raden mas Rijanta. Wiwit raden mas Rijanta umur enem taun, dheweke ditinggal seda kaliyan ramanipun. Lajeng namung dirawat kaliyan ibunipun. Dados, raden mas Rijanta sanget dipun tresnani dening ibunipun.
 Menawi sampun umur pitung taun, raden mas Rijanta di pindah wonten ing Semarang. Wonten Semarang punika raden mas Rijanta ndherek pamanipun, asmanipun raden mas Tondowidjojo. Woten mriku, raden mas Rijanta kadidik dados jejaka ingkang bagus polah tingkahipun. Ibunipun remen sanget menawi gadhah anak tunggal ingkang bagus rupanipun kaliyan polahipun, dados ibunipun nuruti sakkabehanipun katurutane raden mas Rijanta.
 Ngantos umur kalih dasa, raden mas Rijanta dereng gadhah estri ingkang ditresnani. Mula, ibunipan tansah was-was. Banjur ibunipun ngengken raden mas Rijanta kangge golek tiyang estri kangge didadosaken bojonipun. Nanging raden mas Rijanta dereng purun, banjur ngulur-ulur waktu kaliyan ngendika menawi dereng wonten tiyang estri ingkang ditresnani. Raden mas Rijanta tasih kepengin golek pengalaman kangge kauripan punika.
 Kala semanten, nuju ing wanci serap surya raden mas kaliyan raden mas durjat, inggih mitranipun katemuan. Raden mas Durjat ngajak raden mas Rjanta kangge tindak dateng ngalun-alun ningali kumidi Hradu. Wonten mriku malah kebarakaran wong-wong pada playon kangge nylametaken awake dhewe-dhewe. Nalika badhe kandur, raden mas ditabrak kaliyan lare estri ingkang umuripun kinten kawan welas taun. Lare punika nangis sarwi sasarubat ngupadosi tiyang sepuhipun menawi katalingsut.amargi melas, raden mas Rijanta banjur ngeteraken wangsul. Nalika badhe diteraken wangsul bocah wau malah ngilang, amargi sampun ketemu kaliyan tiyang sepuhipun. Nanging raden mas Rijanta dereng ngertos namanipun bocah wau. Raden mas Rijanta tresna kaliyan estri punika.
 Saking kumidi, raden mas Rijanta banjur wangsul dateng dalemipun. Wonten dalem, ibunipun malah badhe njodhoaken raden mas Rijanta. Amargi boten purun bab jejodhohan punika, raden mas Rijanta banjur tindak menyang Boyolali. Menawi sampun radi adhem, raden mas Rijanta banjur wangsul wonten dalemipun.
 Akhiripun, raden mas Rijanta ketemu kaliyan tiyang estri ingkang wonten ing kumidi. Inggih punika raden ajeng Srini. Raden ajeng Srini punika putrinipun kyai Pamrayoga, ingkang uwakipun raden mas Rijanta. Raden mas Rijanta remen sanget kaliyan raden ajeng Srini, nanging raden mas Rijanta boten wani ngomong. Lajeng, raden ajeng Srini badhe di jodhoaken kaliyan jaler saking Rembang. Amargi kuciwo kaliyan bab punika, raden mas Rijanta lajeng ndamel lukisan gambaripun raden ajeng Srini.
 Ibunipun raden mas Rijanta banjur tindak dateng wonten ing dalemipun kyai Pramayoga, menawi badhe tanglet bab perjodhohan punika. Nanging ulem-ulem punika boten leres. Lajeng ibunipun raden mas Rijanta banjur nembung raden ajeng srini kangge didadosaken menantu. Raden mas Rijanta kaliyan raden ajeng Srini mantenan.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar