Sedhekah Bumi
Sedhekah bumi
yaiku salah sawijining upacara adat kang ana ing pulo Jawa. Upacara adat
sedhekah bumi iki wis katindhakake kanthi turun-temurun dening masyarakat,
mligine sing nduweni pagaweyan tani lan nelayan. Padatan ana ing upacara adat sedhekah
bumi kuwi, para warga nggawe tumpeng banjur kumpul dadi siji ana ing salah
sawijining papan panggonan, kayata ana ing daleme sesepuh desa, balai desa,
utawa papan panggonan sing wis ditemtokake dening masyarakat kanggo
ngaleksanakake upacara adat sedhekah bumi kasebut. Sakliyane tumpeng, uga ana
uba rampe liyane, kayata jajan pasar, lan jajan liyane. Kabeh ubarampe mau
digawa ing papan panggonan sing wis ditemtokake, banjur didongani dening
sesepuh desa. Sawise didongani, uba rampe mau dibelekake banjur kanggo rebutan
para warga.
Upacara adat
sedhekah bumi uga minangka salah sawijining wujud kanggo ngaturaken puji syukur
dhumateng Gusti ingkang Maha Agung kanthi nikmat lan berkahe marang para warga,
uga pangarep-arep supaya bisa panen luwih akeh, kasile apik, uripe uga ayem
tentrem. Upacara adat sedhekah bumi padatan katindhakake nalika sawise para
warga maneni kasil saka pagaweyane, mligine para warga sing nggumantungke uripe
saka alam sing gemah ripah iki, kayata para tani saka bercocok tanam. Nanging,
ora mung para tani sing nganakake uparaca adat sedhekah bumi, para nelayan uga
nganakake upacara kasebut, sing diwastani sedhekah laut.
Pungkasane ana
ing upacara adat sedhekah bumi kasebut yaiku dedonga saka sesepuh adat sing wis
kerep ndongani upacara-upacara adat kaya mangkono kuwi. Ana sing narik
kawigaten nalika ndonga, ing sajroning donga ora mung tembung-tembung jawa sing
diucapake, nanging uga ana tembung-tembung nuansa Islami. Sawise dedonga,
banjur ana hiburan, kayata barongan, kethoprak, tayub, campursari, lan wayang
kulit, ancase kanggo ngraketake para warga supaya padha guyub rukun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar