Gendera
Rini
Tri Puspohardini
Ing
dalan pating klebet
Abang
ijo kuning lan biru
Sakawit
aku ngira
Pengetan
kamardikan wis meh tekan
Utawa
pentas dhangdhut ing lapangan
Jebul
ora
Sing
mobat-mabit katiyub angin kae
Dudu
umbul-umbul iklan rokok
Nanging
sajak luwih dening semuwa
Gendera
kang mapag krisis negara
Nanging
sapa sing bisa percaya?
Ing kene
dhuwit pating bleber ngarep irung
Akeh
begawan mudhun gunung
Grapyak
semanak ngumbar esem turut lurung
Oh,
saiki aku ngerti
Sing
pating klebet abang ijo kuning lan biru
Jebul
gendera lelayu
Atur
bela sungkawa
Marang
patine ewuh pakewuh
Lan
sadhengah rasa duweke calon punggawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar