Minggu, 22 Juni 2014

Wektu


Wektu

Yen awakmu weruh kaendahan
Ngucapa syukur isih bisa weruh
Isih bisa ngrasakna
Ngrasakna pangriptane Gusti

Manungsa ora salawase urip ing donya
Kabeh mesthi bakal mati
Bandha ora bisa digawa
Mung amal nalika ing donya

Wektu ora bisa bali maneh
Yen awakmu bisa nglakoni kanthi apik
Mesthi kasile uga apik
Kaya ngono sak walike

Tidak ada komentar:

Posting Komentar