Manungsa Iku Padha
Kudu bisa ngajeni wong liya
Yen awake dhewe pingin diajeni
Kudu bisa ngregani wong liya
Yen awake dhewe pingin diregani
Diwiwiti saka ngajeni lan ngregani awake dhewe
Nembe bisa marang wong liya
Kabeh manungsa iku padha
Padha drajate ing Gusti
Mula aja seneng nggawe perkara
Sing bisa nggawa bencana
Tinimbang padha maida
Luwih becik syukur marang sing kuwasa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar